Fauzi Templates




Jam Islam

Jumat, 05 April 2013

Texs Pranatacara Dan Pamedarsabdo


Assalaamu’alaikum WR.WB

Engkang k
awula hormati panjenenganipun
Ibu.Camat Ibu. Alya Zulfia Amaranggana
Ibu.Kepala Sekolah SMP Negeri 1 JETIS Ibu. Bening Cahyaningtyas
Ugi kanca-kanca ingkang kula trisnani.
Sepindah sumonggo kito aturken raos puji syukur kito dumateng Alloh SWT, engkang sampun pareng Rahmat lan kesehatan dumateng kito sedoyo. Sahinggo kito saged makempal dhateng SMP Negeri 1 JETIS kanthi mengeti Hari Pendidikan Nasional.
Kapeng kalihipun,Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa’atipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.
Sakderengipun acoro dipun milahi, Kulo minongko pranotocoro bade maosakaen runtutaning acoro inggih menika :
 Adicoro kapeng setunggal nggih menika PAMBUKO
Adicoro Kapeng kalihipun nggih menika sambutan-sambutan
Adicoro Kapeng tigo nggih menika Donga
Adicoro Kapeng akhir panutup
Bapak
lan Ibu engkang minulyo, sumonggo adicoro  puniko kito bikak sesarengan kanti waosan BASMALLAH
Adicoro  sak lajengipun inggih puniko sambutan.
1
. Sambutan engkang sepindah punika sambutan saking Perwakilan kito nggih menika saking Ketua OSIS. Dumateng Fauzi Andi Finzaqi kito sumanggaaken.. kita aturaken anggungen panuwun dumateng panjenenganipun Fauzi.
2. Sambutan sak lajengipun punika sambutan saking Ibu Kepala Sekolah SMP NEGERI 1 JETIS. Dumateng Ibu Bening Cahyaningtyas kito sumanggaken..Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Ibu Bening..
 3. Sambutan sak lajengipun badhe kaaturaken deneng Ibu camat Jetis. Dumateng Ibu Alya kito sumanggaken …Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Ibu Alya..
Bapak Ibu Hadirin/Hadhirot Rokhimakumulloh, mekaten kalawau acara ing sonten menika mugi saget rena ing penggalih. Sak derengipun acoro mengeti Hari Pendidikan Nasional puniko kito tutup, kulo ing mriki minongko pranotocoro ngaturaken sedoyo kalepatan menawa wonten klenta klentu atur kawula. Sumonggo acoro Mengeti Hari Pendidikan Nasional puniko kito tutup kanthi sareng-sareng maos HAMDALAH ..Akhirukalam….
Wassalaamu’Alaikum WR-WB
Assalamualaikum  Wr Wb
Ingkang kinormatan ibu camat jetis , ingkang kinormatan ibu kepala sekolah smpn 1 jetis soho rencang-rencang ingkang kawulo tresnani. Sumongo kita tansah manjat aken puji syukur dumateng ngersanipon gusti Allah SWT ikang paringi kesehatan sehinggo kita saget kemapal dateng mriki boten wonten alangan setunggal punopo amin.ingkang kapeng kalih sumongga kita matur sembahnuwon dateng ngersanepun nabi muhammad Saw sahinggo saget mitulung kita ing yaumul akhir amin .
Kulo datheng miri badhe ngatur aken sekedik ingkang babakan nipun HARDIKNAS

Kaping setunggal kula bade tanglet,Menopo to HARDIKNAS meniko..???
HARDIKNAS meniko dinten ikang dipun tetap aken dados dinthen lahir ipuon lan berkembang pindidikan datheng indonesia. Tanggal puniko di pun pendet sangking tanggal lahiripon KH.Dewantoro utawi bapak pendidikan indonesia. KH.Dewantoro niku sampun diriaken sekolah ikang asmanipun “taman siswa” lan KH.Dewantoro meniko berperjuang mati-matian kagem  pendidikan datheng negara indonesia. kita meniko penerus bangsa kedah nerus aken perjuangan pahlawan kita ingkang sampun gugur datheng medan perang. Nanging akhir2 meniko kathah berita ingkang nyebut aken bahwi pergaulan remaja meniko sampun ageng sanget lan bisa ngakibat pergaulan bebas ing kajobone pernikahan, sangking berita puniko kita sampun saget nyimpul aken bahwi lare-lare jaman sak meniko sampun bubrah sedoyo. Bapak meteri pendidikan ngatur aken sepados wonten pendidikan karakter sehingga pemuda-pemudi saget nyalur aken waktu kagem hal ingkang positif. 

Kaping kaleh,Kagem mepringeti HARDINAS puniko osis wontenaken lomba:

1 lomba baca puisi tentang pendidikan
2 lomba cerdas cermat
3 lomba MIPA       
4 lomba pidato tentang pendidikan
5 lomba  Qiro’ah

Lomba niki bade di laksanaaken dinten niki lan info ikang langkung lengkap saget ningali dateng papan pengumuman utawi datheng Mbk Noni amanda angraini

Matur sembah nuwun kagem konco-konco lan poro guru sedoyo.Cekap semanten atur  kawulo mbok bilih wonten klenta-klentune atur kawulo, kulo nyuwon agunge pangapuranipun sepindah

Wassalamua’laikum Wr Wb


          



Ingkang kinurmatan Ibu camat jetis
Bapak ibu guru lan staf tu smp 1 jetis
Lan para siswa ingkang kawula tresnani
Para siswa ingkang kawula tresnani Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal lan mboten wonten alangan setunggal menapa
Salawat dalah salam mugi-mugi tetep kalimpahaken dhumateng junjungan kita nabi Muhammad SAW ingkang sampun mbeta umatipun saking jaman jahiliyah dumugi jaman islamiyah, kados injing ingkang kita nikmati punika.
Para siswa ingkang kawula tresnani, dinten punika kita kedhah mengeti 2 mei, kita sami-sami  makempal ing mriki supados mengeti  dinten HARDIKNAS, yaiku salah sawijining dinten inkang bersejarah kagem bangsa Indonesia.
Dipun wastani bersejarah amargi kita sebagai bangsa ingkang merdeka sampun yakin bilih pendidikan ing indonesia punika digunakaken dados andil ingkang ageng kanggo majukaken lan nyerdasaken bangsa Indonesia
Kita sadar menawi bangsa ingkang maju punika tercermin sangking tingkat pendidikan ingkang berlaku ing Indonesia. Indonesia nate dipun jajah bangsa asing ing wekdal ingkang lami sanget.Sampun kathah ketiggalan saking bangsa-bangsa ingkang sampun maju.
Sejarah bangsa Indonesia kedah nyatet yen lahiripun Ki Hajar Dewantara dados bapak pendidikan. Sampun melopori pendidikan bangsa.  Kagem mbangun bangsa lan negara punika dibutuhaken generasi-generasi ingkang pandai lan cakap. Mula saking punika dibangun sekolah-sekolah. Saking punika muncul generasi-generasi pelopor bangsa ingkang saged ngusir penjajah.
Sakmenika kita dados bangsa ingkang merdeka. Kita kedah ningkataken  mutu pendidikan.
Sakiniki pemerintah nerapaken pendidikan berkarakter marang siswa, pendidikan karakter punika penting sanget kagem siswa-siswa amargi para siswa punika mboten namung butuh pinter kemawon, ananging unggah ungguhipun kedhah sae.
Salah setunggalipun contoh pendidikan karakter punika dimulai saking kegiatan ingkang sepele kayata mbudayakaken cinta lingkungan mboten mbucal sampah ing sembarang panggonan, misahaken sampah organik lan anorganik, sakniki dhateng sekolah kita punika sampun wonten bank sampah ta? mula saking punika kita kedhah maksimalaken  budaya cinta lingkungan, amargi yen bank sampah punika sukses,lan sampah arorganik punika didadosake kompos marang para siswa. kita sampun mbantu nglestarekaken lingkungan. Tumindak kados mekaten kalawau ingkang dipun ajeng-ajeng dening Ki hajar Dewantara. Kita kedah nuladani menapa ingkang sampun ditindakeken dening ki Hajar Dewantara. wonten ing nggriya putra-putra sampun nindakaken karakter kalawau nopo dereng?
Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng aken pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ibu Kepala sekolah ingkang kula hormati
Bapak, Ibu Guru ingkang kawula hormati
Ugi siswa-siswi ingkang tansah kula tresnani ugi kula banggakaken

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Maha kwasa ingkang sampun maringi rahmat sarta hidayahipun dhumateng kita sadaya sahingga taksih saged kempal wonten ing aula menika kanthi mboten wonten salangan setunggal menapa. Sholawat sarta salam tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang mbeta umat Islam saking jaman jahiliyah dumugi jaman Islamiyah kados sak menika.

Wonten mriki Bu Alya badhe ngaturaken sekedhik sambutan dhumateng para siswa siswi SMPN 1 Jetis ingkang irah-irahanipun pentinge pendidikan karakter kagem generasi bangsa Indonesia. Sak derengipun, putra putri ngertos napa mboten niki dinten napa? Nggeh, niki wau sedaya sekolah-sekolah ing Indonesia mengeti Hari Pendidikan Nasional menika.

Kula mundhut tema pendidikan karakter menika amargi Bangsa Indonesia sapunika nembe krisis moral. Korupsi, kolusi, mencontek ing wekdal UN, kathah pelajar kenging masalah kriminal, lan sanes-sanesipun menika realisasi saking karakter bangsa kita ingkang sampun bobrok utawi menyimpang saking nilai-nilai pancasila lan norma-norma ing masyarakat. Perkawis menika saget diatasi inggeh menika saking pendidikan ing sekolah. Sekolah kedah mulang putra-putrine menika berkarakter ingkang sae. Kadosta sekolah kedah ngajaraken peserta didikipun bab semangat kangge maju ingkang saget ditandai kalian semangat belajar kanthi sregep, tekun, lan pantang menyerah. Amargi ing donya menika mboten wonten ingkang instant. Ngertos napa mboten instant menika? Instant inggeh menika sedaya mawon kanthi cepet ugi sumadya. Tuladha sanesipun inggeh menika purun mundhuti sampah ing kelas, ing taman lan ing dalan. Menika sampun pendidikan karakter. Dados, menawi putra-putri purun mundhuti sampah lan dadi kebiasaan , Insya Allah 2020 Indonesia bebas saking sampah. Amin. Ananging, mboten pihak sekolah mawon ingkang dados pendidik kagem putra putri. Perhatian tiyang sepuh sangat dibetahaken kagem mujudaken anak-anak bangsa ingkang mandiri, bertanggung jawab lan saget ngrampungne masalahe piyambak.

          Putra-putri sedaya kepingin urip tentrem, ayem, lan sejahtera? Putra putri mesti saget mujudaken, menawi wonten usaha kalian niat.

Sekedhik saking kula, mugi-mugi saget bermanfaat kagem putra-putri sedaya. Kula gadhah parikan, Santen parutan klapa, cekap semanten atur kawula. Numpak sepur nggawa tali mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



0 komentar:

Posting Komentar